SYAIR PELANGI HATI

warna cinta,kerinduan,dalam keindahan

Minggu, 15 April 2012

Pacoban



Udan tangis engkang gegirisi ati
Nalikaneng bumi pertiwi nampi pacobaneng Gusti
...
Banjir bandang, tanah longsor, gunung meletus,
ugi gempa bumi
Korban bondo donyo, ugi nyowo
Ingkang mboten saget di pungkiri
Sedoyo muspro... mboten wonten arti

Mulo kuwi...
Dadi pangemut kulo lan panjenengan sami
Manungso podo bingung, polae koyo gabah di interi

Punopo Gusti kang paring duko
Amargo salah e manungso
Engkang serakah marang isineng donyo
Lali syukur , tansa agawe angkoro

Mulo monggo sami do ilingo
Kulo lan panjenengan sedoyo
Nyuwun pangapuro marang Gusti Kang Moho Kuoso
sageto slamet ndonyo lan akhirat.


( oleh .. Rahysta )

0 komentar:

Posting Komentar